Nasib Buruh isih Mrihatinke
Tertarik posting edisi basa Jawa-ne Dr.Gaplek, aku ya melu-melu nulis nganggo basa sedina-dinaku. Ngomong basa Indonesia kuwi butuh tenaga ekstra je, soale walaupun aku manggon nang Tangerang tapi aku karo kanca-kancaku pendak dina ngomong nganggo basa Jawa. Sorry sing ra mudeng golek penerjemah ya..
Balik maning nang topik “buruh”, dina iki tanggal 1 Mei buruh sakdonya mengeti ‘Hari Buruh Sedunia’ basa landane ‘International Labour Day’.
Aku biyen ya wis tau ngrasakke rekasane kerja dadi buruh nang pabrik sepatu, isih untung aku klebu buruh sing rada terdidik kerjane nggambar sepatu nganggo komputer.
Dadi buruh kuwi pancen rekasa mlebu kerja jam 07.00 mulihe paling cepet jam 16.00 , ning kerep mulih nganti bengi kadang jam 7 bengi kadang jam 8 bengi, malah awal-awal aku kerja sering tekan jam 10 bengi edan tenannn… wis tau pisan nganti nginep nang pabrik.
Lha kerja rekasa ngono kuwi aku ora ana tambahan upah soale aku buruh sing masuk golongan staff, lembur ora dibayar, sing tak arep-arep wektu kuwi unggah-unggahan gaji berikute oleh gede, soale aku rajin bekerja dan gemar menabung. Nanging ya jebule gaji ya mundake cilik,
nasib nasib… dadi wong cilik gur diperes tenagane sing tambah sugih sing duwe pabrik.
Nasib kanca-kancaku liyane ya secara ekonomi luwih memprihatinkan, nang pabrikku biyen ki sing iso mlebu kategori sugih gur manager ke atas, liyane kuwi isih pada golek utangan kiwa tengen dinggo nyukupi kebutuhan keluarga. Paling ngenes sing isih level operator gaji sekitar Rp.950.000,- , padahal kebutuhan urip saiki saya duwur. Dinggo ngekos wae minimal sesasi Rp.150.000,- mangan sedina Rp.15.000,- ,isih dinggo ngangkot, dinggo tuku sabun, tuku klambi lan liya-liyane. Jan mepet tenan gaji buruh kuwi , umpamane isih dewe ya cukup pas-pasan, ning nak duwe keluarga ya cetha tekor.
Aku biyen klebu wong beja isa komputer trus isa sinau cara golek duit nang internet, dadine aku wani metu seka kerja buruh pabrik sepatu. Sing susah aku dadi kerep diutangi karo kanca-kancaku pabrik biyen, rumangsane aku ki duwe pabrik duit tenguk-tenguk oleh duit. Nulungi kanca ki aku seneng ning, sing aku ora seneng resikone malah dadi kelangan kanca. Mergane ngapa? Soale gara-gara aku ngutangi duit, kanca sing pada ora tertib bayare seneng menghindar ketemu karo aku. Eh karepe nulung malah kelangan kanca.
Kapan ya pengusaha isa nyejahterakake buruhe, ben pada ora ngutang wae.
Untung dulu SD sempet belajar basa Jawa jadine isih mudeng.
Jaman sekarang memang repot juga kalau lihat gaji segitu buat hidup apalagi di kota besar. Tapi ya ngak tau juga apa mungkin bisa meningkatkan kesejahteraan buruh di masa datang.
cak aku ki wong jowo, tapi kelahiran mbandung…nyuwun ngapunten, upami abdi teu lancar basa jawa…
yo sing jenenge buruh seko jaman kapan yo ra tau aku ndenger sejahtera. soale seko prinsip ekonomi wae, “dengan modal sekecil - kecilnya mendapat laba sebesar2nya”.
nah, nek diumpamake buruh kui modal, yo musti modal kui ditekan sekecil mungkin (alah, aku nganti kemringet cak nulise), kudu tranlate sik seko boso inggris, terus indonesia, terus sundo, agi boso jowo.
yo pokoke aku ngucapke selamat hari buruh. mudah2an derajat para buruh bisa lebih baik di masa yang akan datang.
Hatur tengkyu cakwid…salam kenal dari seorang newbie
duh saya gak ngerti cak wid nulis apaan sih???
hehehehehe ora ngudeng mas taunya cuma ojo metu2 aja
Emang sing jenenge buruh iku kan ora di takdirke sugih to cak?
Mosok yo buruhe d gaji limang yuto, menejere rong yuto,sing duwe pabrik trimo kebagian sak yuto,
Dak yo tekor ;D
Mending dadi buruh ae nek no!
Gajine buruh iku iso mundhak,yen penghasilane bose yo mundhak
urip kuwi pancen kudu duwe doyo lan upoyo
ojo kakean nelongso
kerjo sing temen lan tumindak sing becik
terenyuh aku nek moco tulisan iki. Meh wae mbrebes mili. untung aku postingan neng kantor dadine isen nek nangis. Cak, nangisku mergo ngelingi mbiyen tau dadi buruh pabrik lan buruh toko. neng toko rodok mentereng sebab neng bagia EDP dadine rodok dihormati tapi gajine yo mung 425.000. Tak nggo urip dewe wae durung cukup. Saiki wis rodo penak, iseh turah dinggo ngopeni anak bojo. Mugo-mugo buruh tambah kesejahteraane.
Nuwun yo cak, ngelengke aku ben tetep bersyukur karo sing ngecet lombok.. hiks..
Boso Londo kuno maning.. wingi dek mas Aris, sekarang dek Mas cakwid, aku saiiki yoseh dadi kacung, emang rekoso banget dadi kacung, gaji ra mundak2 tapi keb. urip soyo dhuwur, untung kenal cakwid dadi sik iso oleh soko sedo :d adsense anjlok, cek adbrite ra iso cair.. smorty raono GBT babar blas, blogsvertise mandul, tapi tetep musti bersyukur.
Sepiro gedene sengsoro yen tinampan amung dadi coban… hick.. Gusti ora sare : sopo sing teteken kanthi tekun bakal tekan opo kang dadi sedyane.. pareng!!!!
Sampeyan wes enak cak, wes iso metu soko penggawean buruh. Lha aku sampek saiki seh dadi buruh, durung wani metu koyo sampean. Nadyan gaji lumayan tapi nek jenenge buruh ki yo tetep sengsoro. Nek jare koncoku luweh becik penghasilan biasa neng dadi bos tinimbang gaji gede tapi mung dadi buruh.
Duh, kapan yo aku iso ngikuti jejak sampeyan cak?
pas banget…dina iki aku mulih jam pitu…padahal jam kerja nganti jam lima…nasib2 dadi buruh ra penak rasane
ngomong boso jowo luweh gampang ketimbang nulise
Cen sengsoro dab dadi buruh, dino Setu koyo ngene yo sih kudu sendika dawuh tumrap juragan no pabrik…
Ning ojo njuk trus sambat ngaluwara, dilakoni wae sinambi mburuh ngelmu marang cakwid…
Sumangga mampir lan paring pencerahan…
mburuh… oh buruh….
Setelah dipelototin sedikit demi sedikit akhirnya mudeng juga.
Selama masih ada perusahaan yang memproduksi barang buruh akan selalu ada. Tapi buruh di Indonesia masih lumayan daripada buruh di Cina, bayaran kecil kerjaan berat minta ampun. Hidup memang kejam.
Suer cak… saya ngga ngerti isi tulisannya, jauh banget dengan bahasa batak
hari buruh esih dadi tukang sapu.. xixixiix.
nanti Google kebingungan tuh mengindexnya. oh ya masuknya ke Google jawa kali ya
waduh repotnya ya………
huehueh baca bahasa jawa….
buruh nggih ngoten niku mas.
nek masalah utang kuwi kan masalah duet
Duet iso ngrusak hubungan karo konco mas, dadi yo ati ati
aku dudu “buruh” tapi sering ngutang :))
Mengko cak nek wes 1 rupiah pada karo 1 euro
mudeng sitik2, tapi dadi sedih mbacanya.
bayangke nek bbm sesuk jadi naik, duh ampun dah
wah, buruh pancen ngono kuwi, koyo aku iki, mulane saiki mikir piye carane isa dadi pengusaha sukses koyo panjenengen kuwi lho mas…